Atusan Pesilat Flashmob Beladiri Dhateng Mall

Admin | Rabu, 24 Februari 2016 18:58

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Padatan pencak silat dipun gelar salebeting glanggang tetandhingan. Nanging beda kaliyan padatan, atusan pesilat lan sawetawis penari nggelar flashmob dhateng satunggaling teleng papan blanja utawi mall. Kejawi kangge biwara seni beladiri, kridha kasebat ugi kangge ngajak masyarakat supados langkung ngaosi lan mangertosi dhateng kaskaya seni budaya Bangsa Indonesia.

Kanthi dipun iringi gangsa lan sawetawis piranti musik elektrik, atusan pesilat lan penari punika, nggelar flasmob dhateng satunggaling mall ing Ngayogyakarta. Kridha ingkang dipun gelar inggih mujudaken kolaborasi jurus jurus seni beladiri pencak silat sarta beksan. Flasmob sesirah rancak pencak silatari ingkang dipun gelar kanthi kolosal punika mesthi kemawon narik kawigatosanipun tetiyang ingkang saweg dhateng mall,

Tumrap pamirsa, flasmob dening atusan pesilat lan penari kasebat inggih bab ingkang elok, awit saweg sepisanan punika dipun gelar dhateng mall lan tetela saged dados sarana panglipur.

Kolaborasi pesilat lan penari salebeting flasmob kasebat, kejawi kangge njurung majenging seni beladiri pencak silat lan tari tradisional, kaajab ugi saged kangge ngajak masyarakat supados langkung ngaosi lan mangertosi kaskaya seni lan budaya bangsa indonesia. Dipun pilih dhateng mall ing pangangkah supados narik kawigatosan akathah.

Langkung saking kalihatus pasarta flasmob punika asal saking paguron pencak silat sarta sanggar lan sekolah seni tari ing Ngayogyakarta. ( Fauzan Ahmad )

Artikel Terkait

Perajin sawangan

24 Februari 2016 18:57

Warga Mbudidaya Nyepeng Sawer Ageng

24 Februari 2016 18:56

PDAM Sleman Supados Nyuda Kebocoran

24 Februari 2016 18:56

Musrenbang Tingkat Kecamatan

24 Februari 2016 18:55